Ngerti ra, sakjatine urip ki nyebahi banget. Nyuebahiii
buangiit. Tenan kuwi. Mangkane uwong sing do wis mati kae do ra gelem urip
maneh. Lha ngopo urip maneh? Lha mati ki wis kepuenak je. Rasah mikir urip sing
nyebahi kuwi. Mangkane bangsane lelembut koyo wewe, gendruwo, lan wedon kuwi
nek marani manungsa yo sakjane mung ngece. Mangkane kerep le ngguyu, lha ngece:
“Horoh kowe manungsa, kapokmu kapan? Ngopo isih urip? Wong urip nyebahi ngene
kok yo isih gelem urip?”
Neng aku yo ra kepingin kebangeten le sengit karo urip. Lha piye
maneh? Aku ki isih urip je. Lha buktine iki aku iso ngetik terus mbok woco.
Neng yo nek mbiyen sakdurunge lair oleh milih ngono paling aku milih dadi
kewan. Kewan ki ampuh lho. Opo malah tanduran. Luwih ampuh.
Nek jare Jacques Lacan, manungsa ki sakjane malah mung “penurunan”
alias retardasi saka kewan. Tur maneh kabeh manungsa kuwi laire prematur. Dadi sakjane
ki manungsa neng wetenge simbok isih butuh wektu luwih suwe, eh lhadalah malah wis
babaran. Mangkane kowe iso weruh jaran utawa semut utawa asu, mbasan lahir ora
let suwe iso urip dhewe, njegog, ngising, kawin, rasah diajari. Bedo karo uwong.
Pirang-pirang taun mung isane menthil, bar kuwi nangis. Malah nganti lulus
kuliah wae ora iso ngopo-ngopo. Isane mung kawin. Kuwi wae nek ono sing dikawini
tur umpomo wong tuwamu cukup sugih dadi gampang golek besan. Lha nek ora? Rak
yo mung lojon karo cenggur to? Yo ra dul?
Nah nek kewan ki ora. Deknen ki ora sah ribet kemruwet duwe
kepinginan alias desire. Lha kepinginan
kuwi ki sakjane rak yo marga panjalukan-panjalukan (demand) sing ra keturutan to. Gandeng ra keturutan – tur ra bakal
keturutan marang wong liya – mangkane njur dadi kepinginan. Lha kepinginan kuwi
njuk dadi tetep ora owah marga kepatri dening fantasi utawa khayalan. Panjalukan
sing ra bakal keturutan lan kepinginan sing ruwet (marga nek dituruti mesti yo
mung ganti kepinginan liyane) kuwi mung diduweni manungsa. Lha ngising to? Nek
kewan ki ora. Mangkane dadi kewan ki penak. Mung gari urip, mangan, kawin, modar.
Rasah kakehan cerewet. Ning yo marga manungsa spaltung kuwi njur ono sing diarani kabudayan. Neng yo prek ... lha
wong kabudayan ki sakjane mung apus-apusan nggo ngakali uripe awak dewe sing
nyebahi banget iki je.
Lha saiki aku wis kebacut urip. Nek meh mati yo mesakne wong
sing mengko ngurusi awakku. Utang-utangku yo rung lunas. Dadi uripku saiki
njelehi banget.
Dadi nek ono guru agama opo guru PPKn sing omong nek
manungsa ki “puncak peradaban makhluk bumi”, wis jelas kuwi ngapusi. Tenin. Lha
sing omong kuwi ki rak yo mung manungsa sing klera kleru. Nek sing ngomong
kewan opo tanduran, lagi iso tak pertimbangkan. Lha mung manungsa ki .. halah
... Wani-wanine nyocot.
Wis. Sakjane aku nggambleh ra jelas ngene ki margane aku
lagi mangkel. Muangkel banget. Ning embuh piye manungsa ki duwe nalar karo
alasan – sebab akibat, sing marai kudu mikir nek meh nguntabke mangkel. Bedo nek
aku kewan. Mangkel yo mangkel wae .. meh ngobong omah, njeblugke mall, opo nyemplung
kawah Merapi yo ora popo. Ra bakal ono sing takon. Minimal atine ora
takon-takon. Ora ono tatanan utawa rule utawa signifier sing kudu dituruti. Tapi yo ora iso ra nuruti. Wis koyo
keprogram je. Dadine mangkelku ki njelehi banget.
Tambah njelehi umpama iki mau dilebokke ning njeron kawruh
psikologi ego. Dadine jare psikologi ego mau, kabeh uwong ki iso sehat nek ego-ne kuwat. Lha sehat ki
opo mbaaah? Lha kabeh uwong ki ra sehat je. Neng yo karepmu. Kan kuwi mung
teorimu. Soale buktine, sing sok nganggo psikologi ego kuwi jelas-jelas ora ngurangi wong edan kok. Nek banjur dianggep waras, yo paling-paling psikosis-e
teralihkan. Utowo malah neurotik akut.
Lha kabeh wong ki neurotik. Neng iki mau kabeh jare si Lacan mau lho. Dudu omonganku.
Nek aku ki – wis tak omongke mau – sakjane mung lagi mangkel. Coba nek aku kewan, mesti aku
biasa wae to. Penak kuwi. Lha neng aku ki isih manungsa je. Mengganggu.
Ngopo meneh kowe ki? Galau kok ora rampung-rampung
BalasHapus